Lirik Lagu Ati Dudu Kos Kosan – By NDX A.K.A.

Lirik Lagu Ati Dudu Kos Kosan

Aku ra nyongko bakal ngene akhire
Tresnoku nelongso sumbut dadine
Ra kepikiran dadi remuk atiku
Nyesek loro ning dodoku

Nangis batinku trenyuh atiku
Kelingan loromu ning aku

Wes cukup ngapusi aku
Wes cukup nglarani aku
Iki ati koyo cor-coran
Pura-pura kudu bertahan

Aku ra kroso netes eluhku
Aku ra ngiro kandas tresnoku
Rumangsamu iki kos-kosan
Teko lungo atiku nggo dolanan

Stop ngapusi ati stop mblenjani janji
Loro sing tak rasakke tresno disepelekke
Atiku wes kejeron nglalekke alon-alon
Nanging ora iso mergo wes kebacut tresno

Atiku iki nangis netese koyo grimis
Kuncine roso sayang saiki uwes ilang
Aduh dek atiku kelaran

Nangis batinku trenyuh atiku
Kelingan loromu ning aku
Wes cukup ngapusi aku
Wes cukup nglarani aku

Iki ati koyo cor-coran
Pura-pura kudu bertahan

Aku ra kroso netes eluhku
Aku ra ngiro kandas tresnoku
Rumangsamu iki kos-kosan
Teko lungo atiku nggo dolanan

Wes cukup ngapusi aku
Wes cukup nglarani aku
Iki ati koyo cor-coran
Pura-pura kudu bertahan

Aku ra kroso netes eluhku
Aku ra ngiro kandas tresnoku
Rumangsamu iki kos-kosan
Teko lungo atiku nggo dolanan

Leave a Comment